Selasa, 22 Januari 2013

Syi’ir Hj Maryam Ahmad Musthofa


Ilaahi lastulil Firdausi ahlan wala aqwa ‘ala naril jakhimi
Fahabli taubatan waghfir dzunubi fainnaka ghofiruddzambil ‘adhimi
Duh yaa Robbi kulo nyuwun diparingi
Lesan kathah nderes Qur’an ingkang suci
Lan sageto kulo nderek dawuh Qur’an
Pejah kulo nyuwun Islam sarto Iman
Duh yaa Robbi kulo nyuwun remen nderes
Qur’an kelawan lahir batin ingkang leres
Qur’an iku panutane wong muslimin
Wal muslimat wal mu’minal wal mu’minin
Moco Qur’an agung banget paedahe
Namung kudu netepi toto kramane
Mergo akeh wong kang moco Qur’an tompo
Ing bebendu sebab ora toto kromo

Wus tumindak zaman kuno lan saiki
Moco Qur’an kito kudu ngati-ati
Nggepok Qur’an ora keno tanpo wudlu
Mulo siro ojo podho grusa grusu
Moco Qur’an kudu nanggo toto kromo
Ora keno sak penak’e lan sembrono
Biso ugo moco Qur’an nggo sembrono
Dadi jalarane kufur kapitunan
Yen pinuju ono uwong moco Qur’an
Kito kudu ngrungokake kang temenan
Yen ngrungokake mesti oleh ganjaran
Nyepelekke mesti tompo ing pasiksan
Mekruh zaman patang puluh dino ora
Khatam Qur’an ing sepisan wae ora
Wus cekak’e saben tahun ojo kurang
Ngatamake Qur’an kaping rong ambalan
Lamun khatam ing sak Qur’an pamacane
Iku enggal mustajab ing panyuwune
Ana ndunyo Alloh leh’e nyembadani
Ing utowo nemu bejo yen wus mati
Wong kang ahli moco Qur’an ora susah
Besuk ing dino qiyamat mesti bungah
Omah kanggo moco Qur’an jembar rizqine
Wong sing manggon jo samar susah atine
Allah mesti paring ati seneng ayem
Tentrem jenjem ati nrimo roso marem
Moco Qur’an senajan ora mangerti
Surasane mesti ginanjar sayekti
Syukur biso ngerti opo surasane
Iku ingkang banget agung ganjarane
Naming ojo podo udud lan caturan
Lahan ono sanding wong moco Qur’an
Mulo ayo poro konco ngaji Qur’an
Supoyo kito mbesuk tompo ganjaran
Ngaji tembung arab ojo podho lali
Supoyo mangerti Qur’an kang sayekti
Duh yaa Robbi kulo nyuwun diparingi
Saget ngamal ngelmu ingkang kulo tampi
Gusti Allah kulo nyuwun remen nderes
Qur’an kelawan lahir batin ingkang leres
Lan sageto kulo nderek dawuh Qur’an
Pejah kulo nyuwun Islam sarto Iman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tinggalkan saran atau ilmu yang antum ketahui agar lebih bermanfaat...